Kaca:Paitan.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PITUTURKU

Marsih, S. Pd.

SMP Negeri 2 Nanggulan

Dhandhanggula

1. Dhuh anakku para siswa siswi,
pituturku padha den gatekna,
kanggosangu ing uripe,
bekti mring rama ibu,
iku wajib tan kena lali,
manembah kang Kuwasa,
rinten lawan dalu,
ngupaya ngelmu agama,
kanggo sangu mbesuk sira yen wus mati,
kabeh padha elinga.

2. Siswaiku tansah ngudi ngelmu,
kanggo ngayuh urip kang utama,
ing donya lan akherate,
iku kudu diluru,
ajalali Jan ngati-ati,
keh pepalang lan godha,
kang tansah ngreridhu,
mula kang tansah waspada,
aja nganti kapikut endahing lathi,
nuladha kang utama.

94_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004