Kaca:Paitan.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4. Amung Allah kang sinujud,
Kang Meha Kwaos peparing,
paring sagung pitulungan,
kacekape gesang niki,
kacekap betahe ndonya,
tuwin betahe neng akhir,

5. Allah Kang Maha Sinujud,
Kang Kwaos nedahken margi,
margi santosaning gesang,
ing donya dumugi akhir,
lumantar dhawuh Al-Our'an,
miwah katerangan Hadist.

6. Allah ingkang Kwaos dhawuh,
lumantar Al-Ouran dhawuh,
caritane Al-Our'an suci,
caritane pra kawula,
kang nampi nikmat Ilahi,
dados palupi tuladha,
kang sami taqwa Ilahi.

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004_____91