Kaca:Paitan.pdf/102

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AJINING WEKTU

Drs. Hisam

SMP Negeri 2 Girimulyo

Gambuh

1. Kang aran mangsa iku,
tan rinasa anggone lumaku,
ajine ngungkuli inten emas picis,
mula sira kudu weruh,
samubarang bisa klakon.

2. Gusti paring ing bab iku,
sapa bisa nata trep saestu,
wus janjine tan bakal wurung lan rugi,
amung gumantung panyuwun,
yekti banjur bisa kanggo.

3. Tumrap siswa ngudi ngelmu,
sayektine kudu ngatur wektu,
yen tan katur sirna muspra mitunani,
luwih-luwih amung melincur,
nora antuk karahayon.

4. Becik uga pra guru,
aja pisan katon malah nganggur,
ing pandulu minangka tuladha yekti,
ningna jejibahan luhur,
wayah utamane waton.

5. Cetha nagara maju,
nora lirwa mring ajine wektu,
sarwa tinata pakartine dhisiplin,
warga samya nyengkuyung,
pinunjul dadi celathon.

88_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004