Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 71 —

  1. Mula iku, éling-éling pra siswaku,
    aja padha ndléya,
    sing nastiti ngati-ati,
    barang karya ywa kasesa kang prayoga.
  2. Aja lumuh, angudi sakèhing kawruh.
    tumrap uripira,
    ala apa wong marsudi,
    ora ana wong nacad pakarya tama.
  3. Sing mituhu, mring piwulang kang satuhu,
    aja agé nacad,
    yèn durung weruh lan yakin,
    lelimbangen mbokmanawa awèh begja.
  4. E anakku, élinga tutur rahayu,
    yogya tampanana,
    candhinen sajroning galih.
    mangka sangu urip anèng ngalam donya.

Ki Ajar Panular.