Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 66 -

16. TETULUNG

Soré-soré Sutarti mlebu ing omah karo nggéndhong bocak lanang cilik. kira-kira. sangang taun umuré. Bocah iku jenengé Tompi, dlamakané gubras getih.

Sawisé bocah iku dilungguhaké ing ambėn, Sutarti nuli njupuk wédang anget lan pethèn wadhah tamba warna-warna.

Sutarti ora ngucap apa-apa, mung bikut ngupakara bocah iku Dhisiké wisuh tangan, banjur njupuk kapas kanggo ngresiki sikit sing ketaton. Getihé durung tuntas, isih mili dléwéran.

Tandangé Sutarti cak-cek kaya juru rawat. Sikilé bocah iku nuli dikesut nganggo banyu anget, déné dlamakané sing nandhang tatu diresiki nganggo banyu sing aran burwater. Tatuné dipèjèt-pèjèt supaya tuntas getihé lan maneh yèn ana reregedé supaya katut metu.

Si Tompi pringas-pringis ngampet larané.
Bareng wis resik temenan, tatuné nuli diusar-usari tamba warnané abang semu ireng, jenengé péru balsem. Tompi krasa lara. Katoné mimblak-mimblik arep, nangis.

Tatu iku nuli ditutup kapas resik lan diblebet mori lemes. Tompi dikon ngadeg lan nyoba mlaku. Lakuné kecincigan. Tompi ditakoni apa sababé tatu iku. Tompi crita, manawa mlayu-mlayu ngoyak layangan pedhot, dlamakané midak beling pecahan gendul.

Tompi nuli diteraké mulih marang omahé. Bareng teka ing omahé, wong tuwané Tompi senengé ora karuhan lan awèh panarima. Sutarti dialem, déné becik temen bebudèné. gelem tetulung marang, bocah kang. nemu kacilakan.

A. PITAKONAN.

  1. Sutarti nggéndhong sapa?
  2. Kira-kira bocah iku pira umuré?
  3. Bocah iku kena apa?
  4. Apa sing gubras getih?