Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 62 -

bopak-bèpèk       konthal-kanthil
mongan-mèngen     nolah-nolèh
loran-lerèn        klélat-klèlèt
konyal-kanyil       kompal-kampul.

I. UKARA PAKON.

Pilihen tembung kang mathuk kanggo ngganepi ukara pakon ing ngisor iki!

Aku (jupuken; jupukna) layang sing ana ing lemari!
Adhimu (gawénen; gawekna) layangan!
Layang iki (wacanen; wacakna) sing soral
Kakangmu (undangen; undangna)!
Kucingé (cekelen, cekelna) siji!
Jarané (pakakna; pakanana) suket!
Gawané (momotna; momoten)ing dhokar!
Kendhiné (isèkna; isènana) banyu tawa!
Bukuné (gambarna; gambarana) kucing
Adhimu (kandhakna: kandhanana) ibumu!

J. NGARANG/CRITA

Ngaranga utawa critaa bab gunané jaran!
a. Jaran iku kéwan sing kepriyé?
b. Apa gunané?
c. Jaran-iku apa waé jenengé?
d. Kepriyé pangrumaté?
e. Lan sapanunggalané.



15. LAYANG

Layang kanthi pandonga slamet marang putuku Abimanyu, siswa Purwawiyata ing Paguron Sokalima.

Wiyosé, kulup. Aku wis nampa kintaka saka jeneng sira, nyaritakaké manawa jeneng sira munggah kelas paguronira. Wus wasis olah kridhaning perang, trampil olah gegaman lan putus sawarna ning ngèlmu panah. Aku mèlu bungah, déné jeneng sira dadi bocah kang tumemen pasinaoné.

Welingku, kulup. Sawise jeneng sira dadi bocah wasis, pepak sawarnaning kawruh, aja banjur kumalungkung. Luwih becik