Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 6 —

Anggoné magang juru tulis metu, gawéné reroyalan. Royal jajan, royal nyandhang lan ngabotohan. Bandhané wong tuwané entèk gusis tanpa sisa.

Durung suwé iki RM. Riyanta katon mubeng-mubeng kutha nyangking kothak cilik, sadhéla-sadhéla tawa: Rokok ............ rokoké ............! Sinten tumbas rokok .............!

RM. Riyanta dadi tukang ider rokok. Wong sing weruh duwé rasa welas lan ngelus dhadhané.

A. PITAKONAN.

  1. Kapan RM. Riyanta magang calon juru tulis?
  2. RM. Riyanta tunggalé pira?
  3. Sapa asmané wong tuwané?
  4. Wong tuwané sugih banget.
    Apa nyata?
  5. RM. Riyanta pawakané kuru, rupané ala.
    Apa bener mangkono?
  6. RM. Riyanta wiwit cilik kogung.
    Kepriyé kadadéané?
  7. Apa pamrihé RM. Riyanta dimagangaké calon juru tulis?
  8. Ora suwé wong tuwané tilar donya.
    Apa sababé?
  9. Bareng wong tuwané ora ana RM. Riyanta kepriyé anggoné magang?
  10. Wasana RM. Riyanta apa dadi priyayi?
    Apa pagawéané?

B. NGOWAHI TEMBUNG.

Tembung-tembung ing sajroning kurung owahana. Wenèhana ater-ater ka-!

Wiwit cilik RM. Riyanta (ugung) bandha.
E, adhimu aja olèh ngemut klungsu mundhak (ulu)!
Prauné (ili) tekan sungapaning kali.
Yèn adus ing kali aja nengah-nengah mundhak (intir)!
Yèn wayah awan lintang-lintang ora (ton) saka bumi.
RM. Riyanta ora (arep nyambut gawé.
Dhuwitku (ari) Rp. 1.000,—.
Ora nyata manawa bumi iki (sangga) ing ula naga.
Wit munggur iku sigar (samber) bledhèg.
Pitikku ilang (colong) maling.