Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 55 —

Angger wong ngreti. angger omah dadi dalemé Dèn Bagusé iku.

Priyayiné mono katoné ndemenakaké. Lembah manah, merak ati. Mung mbeleré sing sok gawé mangkel lan gemes.

Luwih-luwih yèn ndeleng wandané.

Irungé mbangir, brengosé crapang, nganti kaya brengosé Harya Wéjaséna satria ing Jodhipati. Kuduné angger wong tresna lan kepéncut marang dhèwèkė. Nanging malah kosok balèn. Sapa sing weruh énggal nyekel gebug, kepéngin menthung sirahé.

Saupama bebudèné becik kena kanggo kanca tunggu omah. Nanging kocapa, apa waé sing kelalèn anggoné nyimpen mesthi dadi rejekiné. Krambil dikrikiti, sega diinyak-inyak. Luwih-luwih yèn ana dhèndhèng lali ora dientas, gèwel, gèwel, dimangsa ora tawa-tawa, entèk tanpa sisa.

Hara, sapa satemené iku? Ora liya Dèn Bagus Tikus, sing awatak kumenthus, ora pecus, ora urus

Delengen lagaké yèn ana ing omahmu. Rumangsané rak kaya sing duwé omah. Wira-wiri, mrana-mréné kepénak waé. Baris ngulon, baris mangétan kaya prajurit njaga prajané. Yèn wis sayah banjur mlebu lumbung mangan pari. Kadhang kala banjur mbukak lemari mangan sega utawa roti. Sapa sing ora gething marang dhèwèké?

Katoné ngréwangi, nyatané ngrusuhi. Rak iya ta?

A. PITAKONAN.

  1. Sapa sing diparabi Dèn Bagusé?
  2. Tikus iku katoné kepriyé?
  3. Apa angger wong seneng marang tikus?
  4. Tikus mbeler.
    Apa buktiné?
  5. Angger wong sing weruh kepéngin menthung.
    Apa sababé?