Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 48 -

numbaki cèlèng lan menjangan. Ewa semono durung tau kéwan-kéwan iku awèh panarima marang aku. Malah padha pating glero pating glembor, swarané mbrebegi kuping".

Ratuning macan krungu, nuli celathu : "Anèh kandhamu iku alas, ngabangaké kupingku. Embok aja kegedhèn rumangsa. Saupama ora ana aku lan bangsaku, kiraku alas iki wis rusak biyèn-biyèn. Wong-wong padésan mesthi mréné mbabadi alas iki kanggo padhukuhan. Kayu-kayuné diobong kabeh, wasana sirna".

Alas mangsuli sentak : "Hé, macan. Degsura kandhamu. Kaya-kaya ora ana gunané aku memitran karo bangsamu. Ayuh, lungaa saka alas kéné. Bangsamu jaken kabèh!"

Ratuning macan serik atiné. Bareng teka ing krajané nuli ajak-ajak sakabèhing macan lunga saka alas kono. Kéwan-kéwan liyané uga mèlu, ngumbara ing padésan. Alas dadi sepi mamring.

Wong-wong padésan padha rame-rame mbedhili macan, numbak cèlèng lan buron liyané. Macan lan cèlèng mati dadi iwak dhèndhèng.

Saiki wong-wong padésan padha seneng-seneng mbabadi alas. Kayu-kayu ditegori kanggo kayu obong diedol menyang kutha. Suwé-suwé alas dadi gundhul. Sing tuwuh kari suket lan gegrum cilil-cilik.

Mangkono, critané Ki Pujangga.

A. NYURASA WACAN.

 Wacan ing dhuwur surasan, yèn uwis ukara-ukara ing ngisor iki bener apa luput surasané. Yèn luput benerna!

  1. Wacan iku karangané pujangga kang asma Ki Yasadipura.
  2. Pujangga kasebut asal saka Surabaya.
  3. Wacan iku isi critané alas lan singa.
  4. Alas kang kacrita iku gedhé banget.
  5. Wiwitané macan seneng urip ana ing alas kono.
  6. Wiwitané alas sengit marang macan.
  7. Ora suwé alas lan macan cecongkrahan.
  8. Alas rumangsa ngayomi macan.
  9. Macan lara atiné, nanging ora gelem lunga saka alas kono.
  10. Wasananing carita, alasé rusak, macan-macan isih padha urip.

B. NGOWAHI TEMBUNG.

 Tembung-tembung kang dikurung ing ngisor iki owahana. Wènèhana ater-ater ka- utawa ke- lan panambang-en!