Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 47 —

L. CRITA.

Wacan ing dhuwur wacanen sapisan manèh. Yèn wis rampung banjur critakna marang kanca-kancamu lan migunakna basa krama!




11. Rukun agawé santosa,
Crah agawé bubrah

Saabad kepungkur, Ki Yasadipura, pujangga ing Surakarta crita mangkéné :

Ana alas gung liwang-liwung, wit-witané gedhé-gedhé. Prasasat dina lan wengi padha waé, awit padha petengé déning rerungkudané.

Kacarita ing alas kono akèh macané. Macan-macan seneng lan tentrem uripé, awit ora ana sing ngganggu gawé. Ora tau ana grema nyasak mrono, awit wedi.

Kosok baliné alas uga seneng, awit ora ana manungsa sing wani ngrusak tetandurané.

Anuju sawiji dina alas rerasan, ngunandika mangkéné : "Saupama ora ana aku, kabèh sato kéwan ing kéné mesthi mati. Grema mesthi teka mbedhili macan. Wong-wong padésan padha teka