Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-44-

Kedhelé uga lumrah ditandur ing tegalan. Carané béda karo yèn katandur ing sawah. Sadurungé kudu gawé clowokan dhisik. Piranti kanggo gawé clowokan jenengé panja. Wujudé mèmper tumbak kayu.

Clowokan iku diisi wiji kedhelé loro utawa telung elas. Supaya ora dicucuki manuk utawa pitik becik diurug lemah sathithik.

Sawisé iku kari nunggu wetuné. Mung waé yèn suketé lemu prayoga didhangir lan dirabuk. Gampang ta, carané wong nandur kedhelé iku?

Kedhelé iku gedhé pédahé. Kena digawé témpé, tahu, kécap, taoco. Pèyèk kedhelé uga énak. Kanggo sambel geplang jaré iya énak. Malah saiki ana pabrik sing gawé powan tiron nganggo kedhelé uga.

Ayo padha nandur kedhelé kanggo wuwuh-wuwuh tambah butuh. Nanging aja ngugemi paribasan : Esuk dhelé, soré témpé!


A. PITAKONAN.

  1. Paribasan iku uniné kepriyé? Nyemoni sapa?
  2. Watak mangkono iku apa becik?
  3. Kedhelé iku ana warna pira?
  4. Lumrahé ditandur ing endi? -
  5. Paliran iku apa? Apa gunané?
  6. Supaya lemu tanduran kedhelé kudu karabuk.
Apa bener? Apa rabuké?
  1. Wiji kedhelé uga sok ditandur ing endi?
  2. Apa mungsuhé tanduran kedhelé iku?
  3. Kedhelé iku kena kanggo gawé apa?
  4. Nandur kedhelé kena kanggo tambah butuh.
Apa sebabé?


B. NGOWAHI TEMBUNG.

 Tembung-tembung kang dikurung ing ukara iki owahana salaras karo ukarané!

Paribasan iku (semu) wong kang méncla-ménclé.
Bareng dijak jajan kancané (semu) isin.
Kepriyé carane wong (tandur) kedhelé?
Uler iku uga ngrusakaké (tandur) kedhelé.
Wiji kedhelé (sebar) ing sawah kang tanpa banyu.
Ama kedhelé (sebar) mrana-mrana.
Kedhelé kena (gawé) témpé lan tahu.