Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 43 —

I. TEMBANG.

SINOM.
Para anom ngawruhana,
samubarang tindak sisip,
dora cidra singkirana,
amrih rahayuning dhiri.
Lan manèh lamun angling,
aja agé-agé muwus,
pikiren mrih raharja,
rinasaa jroning ati,
duga-duga ywa karya sriking sasama.
sisip = luput nuwus = celathu; kandha
dora = ala raharja = becik
cidra = goroh ywa = aja
amrih = supaya serik = lara ati
rahayu = slamet; becik sasama = pepadha
lamun = yèn angling = celathu; guneman




10. Esuk dhele sore tempe

Paribasan iku nyemoni wong kang méncla-ménclé gunemé Esuk saguh, soréné njabel kasaguhané. Gunem saiki béda karo gunem mengko. Watak mangkono iku ora becik.

Saiki sing dak rembug dudu bab paribasan iku, nanging bab dhelé. Kowé wis ngreti ta wujudé dhelé utawa kedhelé? Sangretiku kedhelé iku ana warna loro. Dhelé ireng lan dhelé putih.

Yèn kepengin nandur kedhelé gampang. Sing lumrah mung disebar ing sawah kang pariné mentas dienèni.
Déné carané mangkéné : Sawisé pari dienèni, damèné dierit utawa dirubuhaké. Urut pinggir lan tengah digawé paliran, Paliran yaiku kalènan cilik kanggo ngesat banyu, awit wit kedhelé ora seneng kembong banyu. Yèn kembong banyu gampang layu.

Sawisé banyuné asat lagi disebari wiji kedhelé. Yèn wis sawatara dina kedhelé iku thukul. Sadurungé tuwuh lan agodhong loro utawa telung lembar becik ditunggu, awit kadhang kala diteba manuk.

Sawisé katon ijo royo-royo rabukana. Rabuké awu utawa mendhil wedhus.