Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 4 -

PRAWACANA

Angggèn kula ngrakit serat piwulang basa Jawi menika ing pangangkah kénginga kanggé imbet-imber saha gladhen piwulang basa ing Sekolah Dhasar, tuwin kenginga kangge mbantu sampurnaning serat piwulang basa ingkang sampun katamtokaken déning pamerentah.

Serat menika kula sukani tetenger "NYINAU BASA lan SASTRA JAWA" salaras kalian isinipun. Serat menika ngemot piwulang dhasar bab : kawruh basa, paramasastra, nyerat, maos, kasusastran tuwin ngarang. Déné manawi kagalih kirang, para guru ingkang kawogan kula suwun anjangkepi saprelunipun.

Kula ngajeng-ajeng panyaruwé saha iguh pratikel saking para ahli tuwin sadhérék ingkang kawogan, amrih saening serat menika. Saderengipun kula ngaturaken genging panuwun.

Wasana, mugi-mugi serat menika wonten ginanipun tuwin murakabi tumrap pambudidaya ajenging penggulawenthah.


Ngayogyakarta, 1 Rejeb 1906


Panyusun