Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 39 -

Sing siji pakaryané dadi undhagi. Mulané katelah Karta Undhagi. Sijiné pakaryané dadi jlagra. Mulané katelah Karta Jlagra. Sijiné manèh dadi greji, Mulané katelah Karta Greji.

Anuju sawiji dina wong telu padha rerasan. Tembungé Karta Undhagi : “Aku iki salawasé urip karo kayu. Suwé-suwé jelèh uripku”.

Karta Jlagra sumambung : “Aku mengkono uga, Salawasé urip mung karo watu. Suwé-suwé bosen uripku".

Karta Greji mangsuli : “Aku ora béda karo kowé. Saben dina uripku karo gombal, Uripku nganti nggombal, durung tau urip mulya".

Karta Undhagi celathu manèh, tembungé : “Sarèhné awaké dhéwé iki kabawah ing ratu, ayo saiki bebarengan sowan nyuwun kamurahan. Kepriyé supayané awaké dhéwé bisa urip mulya".

Karta Jlagra lan Karta Greji sarujuk. Wong telu nuli mangkat menyang praja, arep sowan Sang Prabu.

Bareng teka ing kraton, kepareng marak ngarsaning Sang Prabu.

Sang Prabu ndangu : “Apa prelumu kowé padha sowan mréné?”

Karta Undhagi matur : “Abdi dalem kawula sowan nyuwun marginipun mulya”.

 “Urip mulya kepriyé?”

“Abdi dalem kawula kepéngin gesang kados sudagar, sugih emas picis raja brana”.
“Kowé wong telu, apa bener mangkono karepmu?”
“Nuwun, inggih makaten”, sauré bebarengan.
“Enya, iki dhuwit. Anggonen pawitan dedagangan. Yèn genep sataun padha sowana mréné, aturna kawusanané!”

Wong telu padha nampani dhuwit emas. Cacahé nglimang atus ringgit.

Sawisé iku nuli bali. Wong telu mbudidaya ngundhakaké dhuwit emas iku. Wong telu béda-béda pangalamané, béda-béda nasibé.

Bareng wis genep sataun padha bebarengan sowan Sang Prabu.

 Sang Prebu ngandika : "Kepriyé kawusanané dhuwitmu?”
 Karta Undhagi matur : “Abdi dalem boten pikantuk bebathèn.
Arta gangsal atus ringgit telas kula anggé nedha. Samenika kula trimah dados undhagi kémawon".