Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 34 —

K. CRITA.

Kowé apa wis tau nonton pabrik gula. Yèn uwis tau coba critaa marang kancamu!




8. Gotong royong

Aku ngreti uripé semut-semut. Kéwan iku cilik menthik, nanging rukuné ora kinira-kira.

Aku tau namataké semut kang lagi padha ngusung pangan. Ana bathang walang nyekangkang, gedhéné sadriji. Wiwitané ana semut ireng siji mara. Sajaké semut iku ngambu-ambu, nuli klépat ajak-ajak kancané. Ora suwé semut atusan cacahé teka. Bathang walang digotong bebarengan, digawa mlebu ngelèng.

Anuju sawiji dina aku nonton semut ngangrang warnané kuning semu abang. Semut iku munggah mudhun ing pucuking godhong. Ora suwé teka manèh lima, nenem, sepuluh, malah kepara luwih. Semut iku padha mlipir urut lingiring godhong, banjur mudhun. Lingir iku kapulet ing ilu kang wujudé kaya benang lembut. Semut-semut iku bareng teka ing lingir godhong liyané padha nggathuk-nggathukaké lingir padha lingir lan kapulet nganggo ilu iku mau. Kira-kira rong jam suwéné dadi omah ngangrang kang cukup kanggo ndhelik sèwu ngangrang cacahé.

Hara apa ora nggumunaké. Kéwan waé rukuné kaya mangkono.

Aku banjur kèlingan rerukunané wong ing padésan. Adat tatacarané uga nggumunaké.