Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/3

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-3-

TANGGAP SABDA

Tumraping tiyang Jawi, tansah hambudidaya lestantuning basa lan sastra Jawi, menika sampun samesthinipun.

Sampun malih tiyang Jawi piyambak, saweg priyantun manca nagari kemawon kathah ingkang sami ngudi nyinau basa lan sastra Jawi, malah ugi nyinau kabudayan Jawi.

Supados basa lan sastra Jawi saged tetep lestantun ngrembaka wonten ing madyaning pasrawungan kanthi saé, mila satrepipun bilih nyinau basa lan sastra Jawi menika katindakaken wonten ing sekolah-sekolah.

Mila Dinas P dan K Nyayogyakarta Hadiningrat, kanthi jumedhul lan sumebaring buku "Nyinau Basa lan Sastra Jawa" anggitanipun sadhèrèk Dra. A. Siti Kolimah lkk wonten ing sekolah-sekolah dhasar, ndhèrèk bingah. Mila buku menika miturut pamanggih kula mungguh sanget tumraping putra-putra murid Sekolah Dhasar. Langkung-langkung manawi para mitra Guru wasis ngginakaken, buku menika isi piwulang ingkang saé tumraping lare-lare.

Mugi-mugi buku menika saged mbiyantu putra-putra murid Sekolah Dhasar ing Ngayogyakarta Hadiningrat anggènipun nyinau basa lan sastra Jawi kanthi sasaé-saénipun.

Ngayogyakarta, 15 Nopember 1974

KEPALA DINAS P dan K

DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

ttd.

(Drs. Sinto Ariwibowo)