Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 27 -

  1. Iwak mujahir waden bisa ngendhog pira?
  2. Iwak mujahir ora prayoga dipiara campur karo iwak liya. Apa sababé?
  3. Ngingu iwak iku gedhé paédahé? Apa sababé?

B.NGOWAHI TEMBUNG.
 Tembung-tembung kang dikurung owahana. Wènèhana ater-ater pa- lan panambang -an!
Iwak mujahir uga diingu ing tanah (gunung).
Hastuti ngreti marang (gawé).
Aku ngingu iwak kanggo nambah (kasil).
Wedhusé dicancang ing (pring).
Luwak-luwak padha saba ing (kopi),
Pitik-pitik golèk pangan ing (uwuh).
Yèn dolanan aja ana ing (awu).
Murid-murid sinau ing (wulang).
Tuti siram-siram ing (taman).
Bapak lagi ngasah lading (cukur).

C. KAWRUH BASA.
 Gatèkna tembung-tembung kang dicap miring. Bener apa luput? Yèn luput benerna!
Tembung ngingu asalé saka tembung ingu.
Tembung pasrèn asalé saka tembung asri.
Tembung padésan asalé saka tembung désan.
Tembung ngupakara asalé saka tembung pakana.
Tembung jeroné asalé saka tembung roné.
Tembung pakanana asalé saka tembung pakan.
Tembung pakanana asalé saka tembung jangan.
Tembung sataun asalé saka tembung taun.
Tembung ngendhog asalé saka tembung dhog.
Tembung sinambi asalé saka tembung nambi.

D. KOSOK BALEN.
Saiki akèh wong ngingu iwak, ...... arang-arang wong ngingu iwak.
Iwak gramèh iku kuthuk, iwak kutuk ...............
Iwak mujahir ndhemenaké, iwak cucut ...............
Iwak gramèh angèl tumangkaré, iwak mujair..........
Iwak mujahir ora anèh pakané, ...............waé
Iwak mujahir dremba, iwak wader.........pangané.