Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 26 -

Iwak mujahir bisa urip ing sadhéngah papan. Bisa urip ing banyu tawa utawa banyu asin. Ora milih papan sing hawané adhem utawa panas. Ora milih tanah pagunungan utawa tanah pasisir.

Yèn arep ngingu iwak mujahir gawéa blumbang kang jeroné kurang luwih 60 cm. Jaganen banyu tansah ganti, supaya tansah seger.

Iwak mujahir iku panganané ora anèh. Yèn ana pakanana ampas krambil, bungkil kacang utawa dhedhak lembut. Kadhang kala wènèhana rajangan godhong katès, tales lan sapanunggalané.

Mujahir wadon bisa ngendhog 1.000 iji nganti 2.000 iji. Coba upama ngingu mujahir 500 iji sajroné sataun kira-jira dadi pira?

Iwak mujahir iku akèh pangané, dremba banget. Mula ora prayoga kacampur karo iwak liya.

Iwak mujahir uga dadi réwang tumrap manungsa, awit kadhang kala mangani uged-uged anak lemut. Kajaba iku uga doyan mangan lumut kang sok kanggo ngendhog lemut.

Dadi cetha, ngingu iwak iku gedhé pédahé, kena kanggo panggaotan. Sinambi seneng-seneng olèh pangasilan.


A.PITAKONAN.

  1. Akwarium iku apa?
  2. Apa gunané ngingu iwak ing akwarium?
  3. Iwak apa kang sok kanggo nambah pangasilan?
  4. Iwak gramèh apa gampang tangkar-tumangkaré?
  5. Iwak mujahir bisa urip ing endi waé?
  6. Iwak mujahir lumrahé dipiara ing endi?
  7. Iwak mujahir iku apa pangané?