Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 22 —

Anuju sawiji dina Bisma lan Darsana sinau ing kamaré. Lawangé dikancing saka jero, amrih Dirham ora ngganggu anggoné sinau.

Dirham ora seneng sinau dhéwé. Banjur thothok-thothok, arep mèlu sinau lan janji ora arep ngganggu kakangné.

Bisma ngengakaké lawang. Dirham mlebu ora nggawa apa-apa. Bisma mrengut, dikira Dirham mung arep ngrusuhi anggoné sinau.

Dirhamn lungguh karo nyawang lambéné kakangné. Bisma ngreti manawa adhiné ora nggawa apa-apa, banjur diwènèhi potlot lan dluwang sasuwèk, amrih ora ngrusuhi anggoné sinau.

Dirham nampani dluwang lan potlot. Suwé ora nulis-nulis. Bisma mangkel, nuli celathu sentak : ”Dirham, ajara ngarang. Suk kowé rak dadi pujangga. Karangen bab bocah nakal!”

Dirham wiwit ngarang. Uniné mangkéné :

   Bocah nakal.

Ana bocah telu. Jenengé Bisma, Darsana lan Dirham. Dirham iku nakal, Darsana kakangné bocah nakal. Bisma duwé adhi bocah nakal. Nèk agono bocah telu nakal kabèh.

Iki karangané bocah nakal.