Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 21 -

mamitaké
nggebyuraké
ngalangaké

pamitan
gebyuran
alangan

J. TEMBUNG CAMBORAN.
dhégus = gedhé bagus

dubang = ........................
wédang = ........................
kongel = ........................
yungis = ........................

dhélik = ........................
wangen = ........................
kakkong = ........................
bangcuk = ........................

K. NEGESI TEMBUNG.
Tembung-tembung kang kaecap miring salinana tembung liya kang padha tegesé!

Wentisira angembang pudhak
Rawisira nglaler méncok.
Réma memak ireng alus.
Gumbala ketel apanjang.
Kapundhi sanginggiling mustaka.
Kumedut padoning lathi.
Nétra andik angatirah.
Jaja bang mawinga-winga.



5. Pujangga nakal

Ana boah jenengé Dirham. Bocah iku pinter, nanging nakal. Saben wong kandha, Dirham bocah nakal. Dhèwèké pinter dhéwé ing klasé. Saben ana garapan mesthi rampung dhisik dhéwé. Sawisé rampung banjur nggodha kancané Guruné seneng marang dhèwèké, nanging kadhang kala- duka-duka margakanakalané.

Dirham duwé sadulur loro. Jenengé Bisma lan Darsana. Bisma iku kang pambarep, Dirham kang wuragil. Bapakné dadi mandhor tani. Embokné dodol reratengan.

Yèn bengi sabakdané mangan bocah telu padha sinau bebarengan. Bisma lan Darsana sregep anggoné sinau. Dirham ora betah sinau. Lagi sapuluh menit wis krasa kesel, nuli lèrèn' ngajak omong kakangné. Kakangné jèngkèl, Dirham disrengeni, dikeplak sisahé