Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 14 —

Satekané ing gunung Candramuka, nuli nggoleki papané Tirtamarta.

Dumadakan kepethuk danawa kembar, aran Rukmuka lan Rukmakala. Harya Wrekodara arep dimangsa déning danawa loro. Wasana dadi perang.

Rukmuka lan Rukmakala sirna, marga diudhèt-udhèt nganggo kudu panca kenaka. Danawa loro malih dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu, mabur ing angkasa.

Harya Wrekodara nuli ngosak-asik gegrumbulan ing gunung Candramuka. Solahé kaya wong mendem. Gumuk-gumuk didhungkari, grumbul-grumbul dibabadi, guwa-guwa dileboni, nanging ora nemu banyu suci kang aran Tirtamarta.

Bathara Bayu ngandika saka ing angkasa : ”Hé anakku. Sajatiné ing kéné ora ana banyu suci kang aran Tirtamarta. Kowé mung diapusi déning Dhang Hyang Drona lan para Korawa. Wis énggal balia waé!”

Harya Wrekodara sanalika éling, banjur bali menyang nagara.

A. PITAKONAN.

  1. Harya Wrekodara arep golèk Tirtamarta.
    Sapa sing dhawuh?
  2. Harya Wrekodara nuli pamit marang sapa?
  3. Sang Prabu Yudhisthira lagi kaadhep sapa?
  4. Saduluré apa padha sarujuk?
  5. Harya Wrekodara nuli mangkat menyang endi?
  6. Ana ing kono ketemu sapa?
  7. Harya Wrekodara apa olèh Tirtamarta?
  8. Buta loro iku malih sapa?
  9. Sajatiné Harya Wrekodara iku diapusi sapa?
    Sapa sing kandha?
  10. Bareng ora olèh kasil Harya Wrekodara menyang endi?

B. NGOWAHI TEMBUNG.

Tembung-tembung kang kakurung owahana. Wènèhana seselan -in-. Yèn prelu uga wènèhana panambang -an!

Banyu suci kang aran Tirtamarta ora (temu) ing gunung Candramuka.

Harya Wrekodara perang (krubut) ing buta loro.
Grumbul-grumbul (babad), bosah-basèh.