Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 13 -

H. CRITA.

Wacan ing dhuwur critakna nganggo basa ngoko!

I. NGRACIK UKARA.

Gawéa ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

dhateng
dumugi
rawuh

dalem
dedalem
nandalem

wangsul
mantuk
kondur




3. Harya Wrekodara golèk Tirtamarta

Kacarita bareng olèh dhawuhé Dhang Hyang Drona supaya ngupadi Tirtamarta, amrih unggul ing yuda, Harya Wrekodara banjur nyuwun pamit. Harya Wrekodara énggal bali menyang nagara Ngamarta sumedya pamit marang sadulur-saduluré.

Sang Prabu Yudhisthira lagi lenggah, kaadhep para rayi, Arjuna, Nakula lan Sadéwa.

Harya Wrekodara matur, menawa arep mangkat menyang gunung Candramuka, prelu golèk Tirtamarta. Para kadang nggodhè, nanging Harya Wrekodara ora mèlu.

Harya Wrekodara énggal budhal, tumuju marang gunung Candramuka, Lakuné gegancangan, prasasat lakuné angin,