Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 5 -

Tegesipun:

      Pakarjané Hjang Jama iku ngukum kang atindak ala Pandjenengané ana ing kana ( = djaman kalanggengan) ngrangkèt maling-maling kang wus paḏa mati Mangkana uga sira ija midanaa wong kang laku salah Sing sapa dadi sanḏunganing djagat, sirnakna.
II. Nitisruti.
    Gumanti Jama brata Ḏumenḏèng krama dur Djana gelahing bawana Jadyan manggéh ing braja si tan apilih Maling malu ja pedjah Umalwa-malwa ika nulahi Solah asah umaweri sarat Paran geng tanggja tenggeké Saisja inalebur Brasṯa tumpes tapis kabasmi.

Tegesipun:

      Saiki ganti pakarjané Sang Hjang Jama Pandjenengané iku pakarjané ngukum Durdjana reregeding bawana Anggoné paring psukuman ora pilih-pilih, sanadyan isih akrap Sarèhning durdjana, jèn wis mati, ana ing kana uga karangkèt. Tansah ngudi sirnaning lijan kang pada atindak dudu, agawé rerusuh, Pada katigasan gulunipun lan kelebur nganti sirna tumpes tapis babar pisan.

---