Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 73 -

"Wahju iku ateges: kanugrahan kang tuwuh saka temen- ing pangudi.

Makuta iku kaprabon ageming naréndra kang dumunung ing mastaka.

Surasané: agem-ageman kang anggung pinundi.

Rama iku djedjuluké naréndra ing Pantjawatidenta. Dadi tembung: Wahju Makutarama iku, sadjatiné: saka éntaring agemé Sri Batara Rama kang anggung pinundi dék nalika djumeneng nata. Saka anggoné tansah mundi ngélmu mau, djemenenge nata Sri Batara Rama, kongsi dadya pralampita, pinéngetan para djawata. Mangkono mau ora marga saka gedéning karatoné miwah djembaring djadjahan....... Sababé mangkeno,amarga: pengembating pradja miwah momongé kawula dasih, tansah ngésti pambekan wolung prakara kang dénarani Astabrata...... Déné terangé mangkéné:

  1. Ambeking kisma...... (ladjeng kadjléntréhaken)
  2.  "  dahana.....
  3.  "  samirana....
  4.  "  tirta ....
  5.  "  akasa ....
  6.  "  tjandra ....
  7.  " raditya....
  8.  "  kartika.......

II

    Astabrata, piwulangipun Prabu Rama dateng ingkang raji Radén Barata, ingkang kadawuhan makili djemeneng nata wonten ing nagari Ngajodya. Pangandikanipun Bagawan Késawasidi makaten: "Kadjaba saka iku, ana manéh "asta-brata" wulangé Sri Batara Rama marang raji Sang Barata nalika kawisudu djemeng nata mengkoni puraja Ngajodyapala. Déné asta-brata mau, Sri Ramawidjaja nélad pambekané djawata wolu jaiku: