Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
-72-

Malih: Satunggaling anak éstri mantuk saking pamulangan tjarijos ngetupjuk bab kantja-kantjanipun ingkang sami mentas dansah wonten ing balé umum. WNaning imdos pundi tangganipun tijang sepuhs: Kowé ora kena dansah babar pisan. Malah: Wonten laré ném-néman ingkang marambah - rambah dolan ing wantji dalu. Laré wau ladjeng kaundang ing bapakipun tuwin dipun tjarijosi: Kowé ora kena dolan bengi manéh. Makaten saladjengipun. Wondéné mengsah ingkang tumimbul wonten ing salebeting brajat punika upaminipun: keséd ing damel, kemproh, budi ketaa,namung manah dateng badanipun pijambak, trotjoh utawi retien memisuh, remen tjremedan utawi remen ngedalaken tetembungan ingkang saru, remen tjrah lan sapiturutipun. Ugi mengsah-Mengsah punikea kedah kabrasta, .awit manawi boten kasirnalaken, badé 'saja ngrebat matemah badé ndjalari kisruhing kawontenanipun brajat. Mila para tijang sepuh inggih kedah tansah mandi samdjata-latu supados sawantji-wantji sageda kaanggé njirnakaken satru ingkang badé damel karisakan.

Dumugi samanten wawasan kula bab pakarjanipun Sang Hjang Agni. Saladjengipun (inggih) kaparenga kula djugag dumugi samanten kémawon pangudaraos kula bab sabda Astabrata, ingkang kapangandikaken ing Sang Prabu Rama dateng Prabu Wibisana. Namung kémawon amrih djangkepipun ing ngriki kados-kados taksih prelu kaaturaken ugi, bilih sabda Astabrata punika ugi kewrat wonten ing tjarijos padalangan lampahan Makutarama (mirsanana: serat Pakem Makutarama, anggitanipun Ki Siswoharsojo, katja 121, 122, 123 saha 124). Wonten ing ngriku karengaken déning Bagawan Késawasidi dateng Radén Ardjuna bilih As- tabrata punike wonten warni kalih, inggih punilas

    I. Wulang Astabrata ingkang ginelung wonten ing wahju Makutarama. Pangandikanipun Sang Bagawan makaten: