lumebet dateng Indonesia ingkang sampun tetéla sanget tjengkah kalijan kasusilan Indonesia. Punapa ingkang awudjud sandang panganggé, punapa ingkang arupi tindak-tanduk, punapa ingkang awarni-tetingalan kadosdéné bioskup, dansah lan sapiturutipun. Punika wau sadaja kedah dipun kawékani. Boten kok ateges kula sadaja nampik dateng kabudajaan mantja ingkang lumebet dateng Indonesia, nangifig kula sadaja kedah njaring. Pundi ingkang pantjén prajogi katampénan, inggih kalebetan, déné ingkang tjeta boten saged daup kalijan raos wétanan prajogi katampik.
Kados makaten prajoginipun tumindaking Pamaréntah ing pradja agung. Tumraping wewengkon ingkang alit,inggih punika brajat, ing panginten, prajoginipun inggih makaten. Malah bokmanawi saged langkung kijat, manawi katanding kalijan papréntahan pradja, djalaran tijang sepuh punika tanggel-djawabipun dateng anak nglangkungi - - - - tetanggelanipun waprenton han pradja dateng war- ganing rakjat ingkang kaparéntah. Wondéné sababipun Pamaréntah makaten, angka satunggal nindakaken pranatan-pranatan ingkang kadapuk adedasar pamanggih-pamanggih umum, ingkang sampun kasarudjukaken déning D.P.R. sasaminipun. Béda kalijan brajat. Sanadyan ing satengahing masrakat wonten bab—bab ingkang kaanggep boten wonten balung-erinipun déning umum, minggahipun déning Pamaréntah brajat inggih punika tijang sepuh wenang nampik. Wontenipun makaten djalaran, upaminipun, kamanah tjengkah kalijan tatanan agami ingkang kaanggé déning brajat ingkang kawogan, boten notjogi raos kasusilaling brajat wau tuwin sanés-sanésipun. Bab punika tuladanipun katah sanget. Wonten lampahan gambar sorot utawi bioskop, ingkang sampun dipun kanténi katrangan: untuk segala umur. Tijang sepuh ingkang waskita boten énggal pitados nanging ladjeng mrelokaken ningali rumijin. Wasana sareng sampun kalampahan, djebul anak-anakipun boten angsal ningali.