Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
-66-

Prakawis punika saged karowakaken, djalaran njepeng dedosan makaten saged ateges: njumerepi saha nedahaken kalepatan, déné nindakaken pangadilan kènging kategesaken ngetrapaken paukumanipun. Manawi makaten bab punika boten namung dados kawadjibanipun pamaréntah agung kémawon, nanging inggih dados bebahanipun para ingkang sami ngasta panguwaos wonten ing wewengkon-wewengkon ingkang langkung alit, awit kadosdéné ingkang sampun kaaturaken ing ngadjeng ingkang kawastanan pamaréntah makaten boten namung ingkang ngemuḏèni pradja kémawon, nanging sadaja kémawon ingkang njepeng kemudi wonten ing satunggaling wewengkon, punika inggih kenging kawastanan pamaréntah, kadosta: ingkang mangagengi djawatan-djawatan utawi kantor-kantor, jajasan-jajasan lan sapiturutipun, malah ngantos dumuginipun brajat inggih wonten papréntahanipun.

Wonten ing salebeting brajat panguwaos njepeng Saha ngadili dumuginipun ngukum pisan, punika wonten ing tanganing tijang sepuh. Manawi wonten gegelitaning brajat ingkang atindak boten leres, tijang sepuh kedah tegel njaruwé minggahipun midana ingkang lepat wau, amargi manawi tindak lepat kaetogaken, tamtu baḏé saja mekar tur saged tumular ḏateng gegelitan sanès-sanèsipun. Mila uger wonten lampah ingkang boten leres, kedah énggal-énggal dipun leresaken. Punika kanggé ndjagi kawiludjenganing wewengkon lan lugunipun inggih kanggé ndjagi kawilujunganipun sadaja gegolitan, supados sampun ngantos atindak dudue Malah lugunipun inggih kanggé ndjagi ugi kawiludjenganipun ingkang kapatrapan paukuman ing saladjengipun. Djalaran gegelitaning brajat ingkang wongsal-wangsul kelepatan, paukumanipun inggih saja awrat. Dados énggal-énggal tumindak mbrasṯa piawon punika ateges pamardi saha pengéman. Wonten ing salebeting brajat sadaja-sadajanipun wau aḏeḏasar katresnan.