Manut tjarijosipun Kjai-Ḏalang, pusaka punika boten wonten ingkang rangkep, dados namung njatunggal. Manawi makaten, nagapasa dedamelipun Radèn Arja Indradjid punika inggih kagunganipun Sang Hjang Baruna wau, ingkang sawatawis wekdal kagaḏuhaken ḏateng putra Ngalengka. Katjarijosaken, bilih para linangkung punika sami ginaduhan pusaka déning déwa. Déné manawi sampun séda, pusaka wau wangsul ḏateng kadéwatan. Tulaḏa ingkang tjeṯa inggih punika sandjata tjakra. Kala djaman Lokapala, sandjata wau kagaduhaken ḏateng Prabu Daniswara inggih Prabu Danapati. Nalika alam Maèspati gumaḏuh ḏateng Radèn Sumantri inggih Patih Suwanda. Sareng djamanipun Prabu Rama sandjata tjakra lumèngsèr ḏateng Radèn Laksmana.Wasana sareng djaman Panḏawa ladjeng dados pusaka ing Dwarawati.
Wangsul dateng sandjata nagapasa. Kala Wau sampun kaaturaken, bilih kapikutipun Sang Kapiwara Anoman punika kapulet ing nagapasa. Wonten ing serat Rama Jasadipuran kapratélakaken makaten:
Radjaputra Indradjit menṯang langkanja
Sandjata kang linuwih,
kang anggempur déwa
Duk aprang néng Sawarga
Endra katiban kapilis
Mangkja kinarja
Sandjata ring Maruti
Kena pupunira terus kang sandjata
Tumantjep tan tinarik
Djemparing tumanggah
kinèndèlaken kéwala
Sigra Indradjit nusuli
Sandjata naga
Anggubed ing Maruti