Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

  Kados makaten pakarjanipun Batera Baruna, tansah ngasta dedamel nagapasa ingkang mawa wisa mandi kagem nalikung ingkang kedah tinalikung. Punapa ta dedamel nagapasa punika? Dedamel nagapasa nakaten dedamel ingkang awudjud kadosdéné ranté, ingkang manawi kasawataken ladjeng saged nalikung ingkang kasawat, Bok manawi ingkang ing djaman sapunilks kawastanan laso utawi langso, bangsaning djiret mawi kolongane Tembung nagapasa punika saking basa Sangsekrita:

  naga = sawer ageng wonten ing tanah Indu, limrahipun kanggé namakaken sawer ing salebeting dedongsngan, mawi sirah tijang.

Sawer-sawer wau sami ngenggéni kita Bhogarati, ingkang dunungipun wonten ing wewengkon ingkang ngadjrih-adjrihi sanget.


  paca = djiret, kolongan, tangsul.

  Wonten ing lelampahan ringgit ingkang katjarijosaken ngagem dedamel nagapasa punika Radén Indradjit , narendraputra ing Ngalengka, putranipun Prabu Dasamuka. Nalika Risang Ramandajapati ngamuk ngobrakeabrik nagari Ngalengka, Radén Indradjit anggénipun njepeng Radén Anoman migunakaken sandjata nagapasa. Ramandajapati kénging puleting nagapasa ladjeng api-api tanpa daja,djalaran sanadyan nagapasa punika dedamel ingkang linangkung, Sang Guruputra tamtu boten kéwran anggénipun baaé uwal, nanging Sang Kapiwara kapéngin ngongasaken kadébjanipun wonten ing ngarsanipun Prabu Rawana, mila réwa-réwa kapikut. Namung kémawon sareng sampun kalampahan kabajang dateng karaton saha badé kaukum pedjah sarana kabesmi, nagapasa kakirigaken saged wudar. Ramandajapati lumumpat, mentjolot dateng pajoning kraton ladjeng mbesmi gedong-gedong ingkang kalangkungan nalika wangsul dateng ing ngarsaning natia sesembahanipun inggih punikea Sang Prabu Ramawidjaja. Kadaton Ngalengka apinda samodra dahana.