Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
-59-

Mila ḏawuhipun Batara Kuwéra: Mangana ‘lan ngombéa saketogmu. Manganggoa sandangan lan pepaésan,

Njambut damel kanṯi tumemen punika, djalaran punika netepi kawadjiban. Lepat sanget manawi wonten satunggaling narapradja ingkang purun nampéni pramastianipun, nanging anggenipun tumindak ing damel sasakétjanipun. Namung kémawon manawi tijang tansah kapleter ing padamelan, mangka boten wonten lelingsénipun, punike kalintu sanget djalaran djiwa makaten inggih mbetahaken ngaso, boten béda kalijan raga. Manawi sampun ngaso, djiwa saged ngladjengaken padamelanipun malih kanti kekijatan énggal. Kosokwangsulipun manawi terus-terusan manteng, dangu-dangu djiwa saja suda kekijatanipun, matemah wohing padamelanipun inggih saja suda, inggih suda katahipun inggih suda saénipun. Mila seneng-seneng punika prelu. Awit saking punika ing kalanganing brajat asring wonten tindak ingkang katingalipun lutju tur sapélé, nanging lugunipun saé sanget, inggih punika akaling garwa ingkang rumeksa ing kakung. Nguningani sang kakung anggénipun tansah binudjeng binereg ing pandamelan punika sang garwa ing wantji sonten udjug-udjug adjak-adjak "Pak, aku terna lunga sedéla waé!" Sang kakung, sanadyan saweg mindeng padamelan, margi saking tresna ing garwa,ladjeng dandos saha ladjeng ngeteraken garwa. Mbetjak sesarengan. Sang garwa tansah ngadjak pirembagan bab ingkang damel pirenaning panggalih. Bétjak kéndel ing sangadjenging toko-toko. Kekalihipun runtang-runtung, rénténg-rénténg sesarengan mirsani dedasaran ingkang bai éndah, ingkang pinadangan ing dilah listrik nant jawarni. Bleng,ladjeng sami lumebet ing toko memundut ingkang prelu-prelu. Boten kasupén ugi mundutaken dolanan putranipun ingkang alit.Sarampunging memundut ladjeng kondur.

Lelingsén punika pantjén prelus Seneng-seneng makaten wonten paédahipun. Mila pangandikanipun Batara Kuwéra:

"Mangana lan ngonbéa sakatogmu. Manganggoa lan pepaésa."

Kaparenga bab punika kula ladjengaken. Tijang njambut damel punika boten namung mbetahaken lelingsén noneng-coneng kémawon, nanging kedah kadunungan reos seneng.