Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

― 3 ―

nanding pérangan-péranganing Asṯabrata ingkang Djawi Kina kalijan sanèsipun, ingkang baku-baku kèmawon.

A. Panggalihanipun Hjang Endra.
Djawi Kina.

Nihan bratani sang hyangindrā lapĕn
Sirānghudanakĕn tumrĕpting jagat.
Sirāta tuladĕnta Indra-brata
Sudāna ya hudanta mangghyābi rāt.

Tegesipun:

      Mangkéné bratané Sang Hyang Indra,
      kang pantes tiniru
      Pandjenengané maringi udan lan ngajemi djagat
      Nulada bratané Hyang Indra iku
      Iku peparing kang betjik, udanmu uga angelebana djagat.

–––
Ingkang kawrat ing Nitisruti.

Brataning Hjang Indra purwèng kawi
Sira ngudanaken kramaning rat
Amartèng djagat djagané
Sotya dana sumawur
Tan ana tan minartèng budi.

Tegesipun:

Kang dadi wiwitaning tjarita bratané Hyang Endra
Pandjenengané tansah mratakaké tataning djagat kang betjik.
Tansah ngreksa marang karta rahardjaning djagat.
Tansah dedana sotya marang sapaa waé
Ora ana wong kang ora diénaki atiné.
–––
Ingkang kawrat ing serat Rama Djarwa
Sekar Matjapat.

Lampahé Baṯara Endra
Ngudanaken wewangi ing sabumi