Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
-53-

Nanging amrih saéning tumindakipun padamelan, pangageng prelu ngawontenaken panitipriksa, supados sageda nguningani, punapa sadaja ḍeḍawuhan ingkang sampun kaparingaken, sampun katindakaken sadaja.

Panitipriksa punika preluning prelu. Lampahing padamelan, manawi boten katitipriksa gampil nglentaripun , djalaran manungsa punika limrahipun pados saketjanipun pijambak. Wonten ungel-ungelan kina ingkang suraosipun. Roh iku tjumaḍang, nanging daging iku ringkih. Manawi kadjengipun makaten manungsa punika boten baḍé nindakaken piawon, nanging margi saking kapéntjuting daging, manungsa gampil njimpang kekadjenganipun ingkang saé. Makaten ugi tumrap padamelan. Saréhning sampun dados kawadjibanipun, kadjengipun inggih badé nindakaken bebahan-bebahan, ingkang dados sesanggénipun, nanging salebetipun nglampahi ajahan punika kaṭah sanget rubéda ingkang ngreribedi, ingkang ndjalari boten saéning tumindakipun padamelan, reribed-reribed saha rentjana-rentjana, ingkang djumeḍul saking manah tuwin saking djawi ingkang tumempuh ḍateng djiwaning manungsa. Ingkang tumimbul saking nglebet upéminipun: raos pados sakétjanipun pijambak, keséd, murka, lan sapiturutipun. Wondéné daja prabawa saking djawi kadosta: barang-barang ingkang éndah, kalimrahan mawarni-warni, pakempalan-pakempalan lan sasaminipun. Tjetanipun makaten: Margi saking anggénipun pados sakétjanipun pijambak utawi margi saking keséd, tumindaking padamelan boten saged rantjag. Awit saking murka saha boten narimah ing pandum tijang ladjeng saged nindakaken pandamel dudu warni-warni njalingkohaken arta ingkang dados tetanggelanipun wonten ing kantor, nilar kantor prelu baḍé pados wewahing pamedal, nilar padamelan prelu bade ... ngumbar ubaling hawanapsu. Nilar kawadjiban amargi baḍé nḍatengi parepatan, baḍé djagong, baḍé nglajad, baḍé dados saksi ing satunggaling prakawis, makaten saladjengipun, taksih kaṭah sanget tunggilipun.