Punapa pamaréntah punika, boten saged atindak kalintu ? Saged kémawon, djalaran ingkang lenggah wonten ing papréntahan punika inggih namung manungsa limrah ingkang sarwa winates kaworitenanipun saha saged. kalènta-kalèntu tindakipun. Nanging kita sadaja pitados, bilih lugunipun karsaning pamaréntah punika saé. Déné djebulipun wohipun boten ngetrepi ingkang kaadjeng-adjengipunika sampun ngantos nukulaken raos rengu, minggahipun ladjeng sarosa duka-duka ḏateng para ingkang ngasta kemudining pradja, Kula sadaja wadjib ngéngeti, bilih wonten kalanipun teori kalijan prakték boten tjotjog. Saladjengipun kita ingkang dados gegelitaning pradja kawadjiban ugi nedahaken keléntuning panindakipun pamaréntah. Namung kémawon inggih kedah medal margi ingkang prajogi, ngetrepi tatanan-tatanan ingkang wonten, sampun ngantos migunakaken patrap ingkang damel sisahing pradja.
Kosokwangsulipun, saréhning tanggel-djawab dateng abang-biruning nagari punika sanés baén-baén,mila wangsul dateng pangandikanipun Sang Prabu Ramawidjaja,prelu sanget para ingkang sami ngasta pusaraning pradja njelakaken para sepuh saha para pandita, tumrap djaman sapunika para saged ingkang sami-kadunungan kawitjaksanan, ingkang dados patarosan tumrap prakawis warni-warni,supados sampun ngantos kaléntu ingkang ‘katindakakeh. Namung kémawon émanipun déné sok wonten tijang ingkang kapasrahan. panguwaos wonten ing satunggaling wewengkon (djawatan tuwin Sasaminipun) ingkang atindak: sapa sira sapa ingsun, nggega karsaning prijangga, boten mraduli dateng pamanggih saha pamrajoginipun "para sepuh lan pata pandita", matemah tindakipun numbuk-bentus boten kanten-kantenan. Manawi wonten panuntun ingkang: kados makaten punika prajoginipun inggih énggal-énggal dipun santunana, supados sampun ngantos kaladjeng-ladjeng anggénipun damel risaking kawontenan.
Wasane keparenga kula punggel dumugi samanten rumijin.