Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 45 -
NGUNGAK ISINING SERAT ASTABRATA
IX.

Dėrėng rampung anggén kula ngraosaken pangandikanipun Prabu Rama ingkang gegajutan kalijan pakarjanipun Sang Hjang Tjandra.

"Wong tuwa lan pandita paḏa adjėnana". Sanadjan Arja Wibisana ing mangkenipun badé djumeneng nata dados tetungguling nagari agung ing Ngalengka, éwadéné sampun ngantos njapėlėkaken ḏateng sesamining gesange Langkung langkung para tijang sepuh saha para pandita kadawuhan ngaosi satjekapipun.

Ingkang dipun kersakaken Prabu Rama "para sepuh" punika sinten, ta ? Punapa uger tijang ingkang umuripun sampun kaṯah? Temtunipun sanés. Mirid anggénipun kaajédjéran kalijan tembung "pandita" punika, tampinipun inggih ingkang tegesipun sairib kalijan pandita. Wonten, ing djagat kadjawén, langkung-langkung djaman rumijin, asring kapireng rembag: Tjobea ta, larané anaknu kuwi golékna wong-tuwa. Aku wis tau oleh pituduhé wong tuwa. Makaten saladjengipun. Kula kinten ingkang dipunkarsakaken Prabu Rama punika, inggih tijang sepuh ingkang kados makaten. Dados sanés tijang sepuh ingkang ateges namung sepuh umuripun, nanging tijang ingkang kadjawi sampun katah umuripun, inggih sampun katah seserepanipun, ngretos ḏateng tudjuning gesang, susila ing sabarang karja, inggih punika:

      Djanma kang wus waspadéng semu
      Sinamun ing samudana
      Sesadon ingadu manis.

Kados ingkang kawrat ing serat Wédatama. Tijang sepuh ingkang kados makaten punika wadjib dipunaosi, wadjib angsal pakurmatan satjekapipun. Béda kalijan ingkang namung sepuh uwmuripun, nanging boten nglenggahi sepuhipun. Tijang makaten punika terkaḏang malah ngisin-isini.