Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kosokwangsulipun ḏateng sor-soranipun. Sanadyan boten wonten punapa-punapa, inggih ngatingalaken anggènipun nebih, boten kénging dipun tjelaki, tjarijosipun,mangké minḏak karèmèhaken, minḏak suda kahurmatanipun.

Mila piwulangipun Sang Nata Ramawidjaja, supados Radèn Wibisana ugi ngaosi tijang-tijang sanès, ingkang sanès ratu, langkung-langkung para sepuh saha para panḏita.

Wasana kaparenga kula punggel dumugi samanten rumijin.