Manawi wonten guru ingkang lumebet ḏateng pamulangan mbekta sangu nepsu saking grija punika ingkang mesakaken para muridipun, djalaran ladjeng dados kurban. Makaten ugi manawi wonten satunggaling kepala kantor sapiturutipun ḏateng kantor mbekta manah nepsu, punika ingkang mesakaken para andahanipun, tur wahananipun saged damel pitunanipun pijambak, dipun geting ing anḏahanipun sadaja, malah tumrap djaman sapunika sisip - sembiripun dipun ugi sagedipun sumingkir. Tembungipun sapunika "dipun daulat".
Tijang sepuh ugi kénging kaupamékaken sumbering pepadang tumrep brajat. Manawi wonten bapa ingkang ḏateng saking kekésahan, lumebet ing grija kanti polatan njureng, sanalika punika ugi swasana ing salebeting brajat inggih ladjeng dadakan dados peteng, gegelitaning brajat sanés-sanésipun gampil dados kurban ugi. Wonten laré ingkang radi ramé sakedik kémawon dipun getak, mila sawatawis wekdal katentremaning brajat itjal.
Kadosmakaten dajaning ulat ingkang peteng. Awit saking punika pangandikanipun Sang Prapu Ramas Pakarjané Hjang Tjandra gawé bungahing djagat kebéh. Tindalkmu sing alus, ngresepaké manawa katon. Gujumu sing manis kaja banju panguripan.
Panutuping pangandikanipun Sang Prabu Rama makaten: "Wong tuwa lan pandita pada adjénana". Pangandike punika ganḏéngipun kalijan kawontenanipun Sang Hjang Tjandra sawatawis tebih, nanging inggih saged dipun gandéngaken , upaminipun: bab pangrengkuh ingkang saé punika supados ugi katumrapna dateng para sepuh kslijan para pandita , sampun namung manawi R. Wibisana sesrawungan kalijan sesamining ratu kémawon. Tijang ingkang makaten punika pantjén inggih wonten. Manawi kalijan anginggilanipun angatingalaken suméh, sanadyan ing salebetins manah bokmanawi wonten raos sengit. Nanging margi saking ngrumaosi dados réh-réhan inggih meksa-meksa badanipun ngatingalaken polatan manis.