Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
-41-

Pirembagan ingkang alus: punika pirembagan: bab-bab ingkang boten tjengkah kalijan kasusilan. Ingkang kaginem namung (prakawis-prakawis ingkang pantes kapirengaken nunupa déné ingkang maedahi. Tur migunakaken basa ingkang alus ugi, tegesipun basa, ingkang susila, boten wonten tembungipun ingkang kasar. Dados isi lan basanipun sae. Manawi makaten tjunḏuk kalijan ingkang ing tembe pangandikakaken ing K. G. Mangkunagara IV.

Ḏanḏanggula.
      Wardining kang wasita djinarwi
      Wruh ing kukum ilu watekira
      Adoh marang kanisṯané
      Pamitjara puniku.
      Weh resepé ingkang mijarsi
      Tatakrama punika
      Ngedohken panjendu
      Kagunan iku kinarja
      Ngupaboga déné kalakuan betjik.
      Wéh rahajuning raga.

Saladjengipun Sang Prabu Rama ugi ngandika:
"Gujumu Sing manis kaja banju panguripan" Radén Wibisana kadawuhan ngatingalaken polatan ingkang sumd3h, djalaran ulat suméh punika nggesansaken utawi ngijataken pangadjeng-adjeng. Tijang sakit ingkang kapriksa ing dékter, manawi dokter wau katingal. mésem-mesem ndemenakakeny. tijang wau ladjeng teteg manahipun, matemah kapitadosanipun dateng pun dokter saja ageng. Mangka punila satunggaling bab ingkang prelu tumrap tijang sakit, ingkang asring saged ndjalari énggaling sarasipun.

Ulat manis punika pantjén ageng dajanipuns ugi wonten ing gesang bebrajan. Swasananing pasrawungan, upaminipun, saged njedihaken utawi njenengaken, margi saking ulatipun ingkang sami djedjagongan.