- 40 -
Nawangwulan, Damarwulan lan sasaminipun.
Saladjengipun kula kinten boten wonten tijang ingkang boten remen ḏateng wantji paḏang rembulane manawi pinudju makaten punika ing margi-margi kaṯah tijang ingkang sami mlampah-mlampah, ing pakampungan-pakampungan katah laré-laré ingkang sami dolanan wonten ing palataran, langkung-langkung kala djaman rumijin.
Sapunika wangsul dateng piwulangipun Prabu Rama dateng Radén Wibisana. Pangandikanipun Sang Nata naka makaten:
- Pakarjané Hjang Tjandra gawé bungahing
djagat kabèh,
Tindakmu sing alus, ngresepaké manawa
katon.
Gujumu sing manis kaja banju panguripan
Wong tuwa lan panḏita paḏa adjénana.
Manut suraosipun pangandika Prabu Rama namung mundut kawontenaning rembulan saprakawis inggih punika bab anggènipun damel asrining kawontenan, djer manawi pinudju paḏang rembulan djagat ingkang gumelar punika ladjeng katingal sumilak éndah, anengsemaken. Awit saking punika rembulan punika saweg katingal anḏaḏari kémawon, sampun ngresepaken manah. Damel sumringahing kawontenan, tur sorotipun alus boten bentér ngegét kados sunaring surja. Dawuhipun Sang Prabu Rama, supados Radén Wibisana mulad kawontenanipun rembulan ingkang kados makaten punika: Tindakan sing alus, ngresepaké manawa katon.
Tijang ingkang tindak-tandukipun alus “punika sasolahipun sarwa alus: pirembaganipun alus, basanipun alus, tata-kramanipun alus, ngretos ḏateng subasita, Tijang ingkang kados makaten punika boten baḏé damel serik utawi minggahipun damel sakitipun manahipun ngasanés. Nanging kosokwangsulipun saweg katingal kémawon sampun ngresepaken ingkang sami umijat.