Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 50 -

saged adamel senengipun tijang kaṯah. Ḏatengipun srengéngé ing wantji éndjing njirnakaken pepetenging dalu. Djagat saisinipun sadaja sami kapaḏangan. Sadaja machluk ingkang gesang sami seneng-seneng ngraosaken kanikmataning rainten. Tetuwuhan sami ṯukul sae, margi saking kénging soroting srengéngé wau. Kéwan-kéwan sami sumebar pados teda, Djagating manungsa ugi ébahe Tijang-tijang sami saged rumagang nindakaken padamelanipun pijambak-pijambak. Mila boten kalintu, manawi kapratélakaken, bilih Sang Hjang Surja punika tansah ngudanaken sabarang réh arum-arum. Pakarjanipun ingkang makaten wau tansah dados reraosan ingkang saé punapa déné adamel senengipun para-ingkang sami kalubéran ing sih. Margi saking punika:sadaja kémawon ladjeng sami sujud sungkem dateng pandjenenganipun. Wontenipun namung "sumanggéng karsa, sandika anglampahi" kanti patrap ingkang alus saha boten ngatawisi sami katuntun dateng ing margining kasaénan. Boten kemba-kemba Sang Hjang Surja anggénipun tansah ngudi amrih kasembadaning karsa, saged Mangaju-ajuning bumi. Kados makaten ontjék-ontjékan Jasadipuran I. Kados-kados inggih boten nalisir saking bakunipun.

Wangsul dateng bakuning Astabrata ingkang gegajutan kalijan pakarjanipun Sang Hjang Surja. Wonten tembung ingkang taksih prelu kaontjékan, ingkang nggambar panggalihanipun Sang Hjang Surja ugi, inggih punika tembung "lana" ingkang ing ngadjeng kadjarwakaken "tansah" Tembung "lana" punika lugunipun ateges: boten peḏot-peḏot boten éwah gingsir, tetep, langgeng.

Bhaṯara Rawi manghisep wwai lana =
Bhaṯara Surja mangisep toja "lana".

Tembung "lana" jang ngriki mratélakaken kanṯi tjeta bab anggénipun Sang Hjang Surja boten méngéng ing damel. Pandjenenganipun kagungan bebahan "mangisep toja" Saréhning punika sampun dados sesanggénipun, inggih dipunlampahi boten kanti méngéng.