Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 30 -
  1. )adil ateges, bilih rumentahing gandjaran utawi ḍumawahing paukuman punika kanṭi ngèngeti kawontanipun ingkang badé nampèni. Wonten ing salebeting brajat kedah ngéngeti, tataraning umuripun laré,ingkang badé kapatrapan ukuman. Laré umur 5 taun boten saged kapatrapan ukuman ingkang sami kalijan laré ingkang sampun umur 10 taun.
  1. )adil ateges, bilih awrat ènṭènging paukuman punika sampun ngèngeti swasana, nalika tumindaking kalepatan. Wonten ing salebeting brajat umpaminipun: Punapa anggénipun laré nerak tatananing tijang sepuh utawi brajat punika margi saking boten utawi déréng mangretos punapa pantjén katemaha, Punapa anggénipun nglirwakaken pakéning tijang sepuh punika margi saking badanipun saweg sajah utawi sakit, punapa margi saking kasupén, punapa margi pantjén kadjarag.

Makaten saladjengipun. Ukuran kaadilan punika kula kinten prelu lan pantjèn sampun kapigunakaken ḍateng para pangastaning papréntahan ing wewengkon-wewengkon sanés, punapa déné ingkang langkung inggil tataranipun , ngantos dumuginipun papréntahan pradja agung.

Gampil ingutjapaken, angdl linampahan. Limrahipun tijang, pangrengkuhipun ḍateng kulit daging pijambak utawi minggahipun dateng golonganipun pijambak tamtu boten saged sami kalijan tijang sanés. Tarkadang tindak makaten pumika ḍasaripun ngéngeti wawratipun tijang ingkang badé kapatrapan pamisésa, Manawi wawratipun boten sapintena, gampil sanget anggénipun suka karampungan. Nanging manawi tijang ingkang kawogan punika awrat sanggén-sanggénipun saha kamanah baḍé saged damel gendra tuwin sanés-sanésipun, asring sanget ḍawahing pamisésa boten timbang kalijan agenging kalepatan ingkang katindakaken.