Dados anggènipun pantes katulad punika bab anggénipun paring djawah saha ngajomi djagat. Punapa ta ginanipun djawah punika:
- ) damel segering tetaneman punapa déné ndjalari saéning tuwuhipun.
- ) ingkang kaḍawahan djawah punika sadaja tetaneman,supados boten mawi pilih-pilih. Tetuwuhan ingkang agenge punapa ingkang alit, sadaja kawaradinan tojaning djawah.
- ) manawi mentas djawah, kawontenaning kodrat linimputan ing swasana ajem.
- ) ndjalari agunging lèpèn-lèpèn, matemah sadaja kéwan toja sami seneng manahipun.
Pantjèn katah ginanipun djawah punika, mila boten kaléntu, déné pakarjanipun Hjang Éndra kadadosaken tetuladan tumrap ingkang sami ngasta pusaraning pradja, amrih wiludjenging nagari.
Pangrengkuhing Hjang Éndra dateng djagat punika sageda katulad déning para nata (tumrap Indonesia: Pamaréntah), ing bab anggènipun dados tetungguling nagari . Djagat seisinipun sadaja ingkang sami kadjawahan punika Minangka gegambaraning nagari dalasan rakjatipun. Anggénipun Hjang Éndra paring djawah punika dadosa tepapalupi tumrap para nata anggénipun kewadjiban rumeksa ḍateng nagari saha rakjat ingkang kawengku: mbudidaja , supados rakjat sami ngraosaken gesang sakétja, tegesipun boten kekirangan sanḍang-teḍa, saged neda tuwuk, njanḍang wetah, sukur bagé saged nglangkungi saking makaten. Gesang sakétja ugi ateges: tentrem boten kariḍu ing pantjabaja, boten kadunungan raos was-sumelang boten karidu ing suker sakit. Manawi ratu utawi pamaréntah saged damel kawontenan ingkang kados makaten, sadaja pakarjan ing salebetipun pradja baḍé saged tumindak kanṭi saé, djalaran sadaja narapradja saged mungkul ing damel.