V.
Sasampuning nguningani éwah-mingseding isinipun Asṭabrata, sumangga sami sesarengan njuraos, punapa tumrap ing djaman sapunika taksih wonten pigunanipun.
Kados déné ingkang sampun kauningan, Astabrata punika piwulangipun Prabu Rama ḍateng Arja Wibisana, nalika kadjumenengaken nata nggentosi ingkang raka Sang Jakséndra ing Ngalengka, Prabu Dasamuka. Wontenipun Arja Wibisana kaḍawuhan nggentosi punika amargi kadjawi pantjèn waris Ngalengka, ugi djalaran saking agenging lelabetanipun ḍateng Sang Ragusuta. Punapa ta sababipun, déné Sang Prabu Ramawidjaja ngantos paring piwulang kaṭah-kaṭah dateng sang Wibisana? Warni-warni sababipun:
1) Sarèhning Sang Prabu Rama ingkang ndjumenengalken ratu, pandjenenganipun rumaos kewadjiban paring sesuluh ḍateng nata rèh-rèhan, ingkang saweg kémawon kadjumenengaken.
2) Sang Wibisana punika kénging kawastanan taksih timur, mila prelu dipun paringi sangu satjekapipun.
3) Sang Prabu Rama tansah kèngetan, bilih saplokipun Prabu Dasamuka djemenéng, nagari Ngalengka boten ngraosaken ketentreman babar-pisan. Rakjat maèwu-èwu, ingkang dados kurbaning angkara murkanipun ratu ingkang tansah andon perang.
Awit saking punika Sang Wibisana prelu dipun paringi piwulang warni-warni ingkang ndjalari kartarahardjaning nagari punapa déné ingkang mahanani sujud sungkem saha sutresnaning rakjat ḍateng ratu pepunḍènipun.