Dumugi samanten panjuraos kula ing bab mingsed — mingsedipun serat Asṭabrata, wiwit aslinipun ing basa Djawi Kina saha mbal-tuminbalipun dumugi ḍapukan basa Djawi Tengahan saha dapukan basa Djawi Enggal.
Ing ngadjeng sampun kaaturaken, bilih mingsed-mingsedipun isinipun serat ingkang kaanggit wongsal- wangsul punika, kawontenan ingkang limrah. Karsanipun ingkang sami nḍapuk malih punika saé, inggih punika ngorèhaken utawi ndjlèntrèhaken bab-bab ingkang prelu katjeṭakaken, amrih sagedipun dipun mangretosi ḍateng para ingkang sami maos.
Isining serat Asṭabrata punika kala rumijin ugi kagolong asring kanggé reraosaning para sepuh. Mila boten nggumunaken bilih péranganing serat Rama punika ing tembé wonten ingkang miṭat saha kaḍapuk dados serat pijambak, dipun kanténi wawasan-wawasan satjekapipun, ladjeng dados serat piwulang ingkang kénging kanggé lelimbangan, inggih punika serat Astabrata Wineḍar utawi serat Asṭalokapala wedalan pengetjapan Mardimulja ing Ngajogjakarta kala taun 1938, anggitanipun sdr. SUMODIRDJA (?). Ing djaman rumijin sampun wonten serat ingkang ugi nama serat Astabrata, ingkang katjarijosaken, bilih ingkang nganggit nama DJUGULMUḌA. Nanging punapa punika Sang Patih Djugulmuda, warangkanipun Prabu Sri Mahapunggung ing nagari Purwatjarita utawi Meḍangkamulan, nalika djaman Mataram Indu, punapa Djugulmuḍa punika namung nama sesinglon, kila boten saged matur. Saladjengipun punapa isinipun serat punika ugi sami kalijan Astabrata ing serat Rama, kula inggih boten saged ngaturaken. Ingkang dumugi sapriki taksih sok kapranggulan punika serat angger Djugulmuda ingkang njarijosaken kawitjaksananipun Patih Djugulmuḍa ing nagari Purwatjarita, anggeénipun ngadili prakawis warni-warni. Katjarijos, serat punika anggitan nalika djaman Demak. Malah manut gotèk serat wau anggitanipun Kandjeng Sultan Demak.