Menyang kontèn

Kaca:Ngungak Isining Serat Astabrata.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-19-

    Pandjenengané ija banget anggoné Tansah mulat marang boboting wong sadjagat Anggoné rumeksa pinardi kanṯi kerasing pambudi Tumindaking pakarjané bakuh kaja déné bundering ali-ali (kang ora ana wekasané).
III. Wondéné ingkang kapratélakaken ing
Serat Rama djarwa suraosipun makaten:
    Bratané Batara Brama Ngupaboga sawadyané gung alit Kabèh galak maring mungsuh. Bisa basaning wadya Sirna parangmuka kaparag kapusus Tirunen Baṯara Brama Garwané Ni Rarasati.

Pérangan kaping wolu punika saja tjeṯa sanget éwah saha wewahipun. Pangriptaning serat Nitisruti, sanadyan anggènipun ngolah katingalipun rowa mawi gegambaran singa punapa, nanging wewahing isi lugunipun boten patos kaṯah. Inggih punika anggènipun mratélakaken, bilih Hjang Brama punika tansah migatosaken ḏateng awrat ènṯènging tijang sadjagat saha tansah rumeksa kanṯi kerasing pambudi.

Kauningana, sareng kaḏapuk wonten ing serat Rama djarwa, sanadyan wudjudipun ringkes, ngewrat wewahan-wewahan , ingkang isinipun sawetawis tebih kalijan bakunipun.

Inggih punika:

  1. anggènipun Sang Hjang Brama ngupaboga sesarengan kalijan wadyanipun ageng alit;
  2. anggènipun ngretos ḏateng basaning wadya saha
  3. anggènipun mawi kapratélakaken bilih garwanipun Hjang Brama punika asma Dewi Rarasati.