Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
7

 Gori iku matuké dipudeg. Ndjangan gori = nggudeg.
 Maksudé wangsalan ,mdjangan gori” jaiku "mbudeg”, api-api ora krungu.
6. Wangsalan mawa paugeran tartamtu.
 Wangsalan mawa paugeran tartamtu kena kapérang dadi loro, jaiku:
 I. Mawa paugeran 4 wanda + 8 wanda.
 Kang mawa paugeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mang isi batangan sidji). Unèn-unèné mung saukara kang kadadéan saka rong gatra. Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan; gatra buri 8 wanda, isi batangané.
 Tulaḍa: Retja kaju, golèka kawruh rahaju. (Retja kaju = golèk).
 II. Mawa paugeran (4 wanda + 8 wanda) × 2 = 24 wanda.
 Kang mawa paugeran (4 wanda + 8 wanda)× 2 iku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka sidji). Unèn-unèné rong ukara, saben saukara kadadéan saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapinḍo (rong gatra) isi batangané.
 Tulaḍa: Sajuk karja, wulung wido, mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda.
 Sajektiné, wit saking boḍo kawula = 4 wanda + 8 wanda.
 Sajuk karja = saijeg, saéka-praja.
 Wulung wido mangsa rowang — biḍo.
7. Wangsalan èdi-pèni.
 Wangsalan èdi-pèni iku wangsalan sing mawa paugeran:
 a. Unèn-unèné kadadéan saka 2 ukara (wangsalan rangkep).
 b. Saben saukara kadadéan saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda).
 c. Ukara kang kapisan (jaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanti guru-swara lan purwakanṭi basa utawa purwakanṭi lumaksita.
 Tulaḍa: Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (Kemaḍa, iket). Mumpung muḍa, nggegulanga ngiket basa.
8. Wangsalan kang sinawung ing tembang.
 Tijatjahing wandané lan tibaning swarané ing wekasaning gatrané ora tartamtu, sabah kawengku ing guru-wilangan lan guru-laguning tembang. Guru-wilangan lan, guru-laguning tembang kudu tansah menang, liré: ora kena owah, kudu tansah manut paugeraning tembang.