Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
31

16. Bawa tartamtu. Ana tembang Geḍé lan tembang Tengahan kang lumrah dianggo mbawani genḍing tartamtu, kajata:

I. Tembang Geḍé Kusumastuti = (7 + 6) × 2 × 2, kanggo mbawani genḍing Sitamardawa, Pl pt Br.

II. Tembang Geḍé Tjitramengeng = (6 + 6) × 2 × 2, kanggo mbawani genḍing Langen-gita, Sl pt 9.

III. Tembang Geḍé Kumudasmara = (7 + 8) × 2 × 2, kanggo mbawani genḍing Walagita, Pl pt 6.

IV. Tembang Geḍé Pamularsih = (7 + 8) × 2 × 2, kanggo mbawani genḍing Radjaswala, Si pt M.

V. Tembang Geḍé Tepikawuri = (6 + 6 + 5) × 2 × 2, kanggo mbawani gendḍing Montro, Sl pt M.

V. Tembang Tengahan Pranasmara (8-a, 11-é, 12-é, 8-a, 8-a, 8-i), kanggo mbawani genḍing Tarupala, Sl pt 9.

Satemené kabèh tembang (Geḍé, Tengahan, Matjapat) iku kena dianggo mbawani genḍing apa baé sing paḍa larasé lan paḍa paṭeté.


17. Djineman.

Djineman iku sapéranganing tjakepané bawa sing kudu dilagokaké déning wong pirang-pirang (koor) lan binarung swaraning pradangga.

Ora kabèh bawa mawa djineman.

Sing mbawa mung wong sidji. Manawa tembang sing dianggo mbawa ana djinemané, djinemané dilagokaké déning wong pirang-pirang,


18. Laguné tembang. Tembang sawarna, laguné tarkaḍang nganti pirang-pirang warna, kajata:

I. Ḍanḍanggula lagu Paḍasih, lagu Turularé, lagu Pangantènanjar, lagu Palaran Isp.

II. Sinom lagu Paridjaṭa, lagu Pangrawit, lagu Logonḍang Sp.

III. Pangkur lagu Paripurna, lagu Langendrijan, lagu Ḍuḍakasmaran lsp.