Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
26

2. Tjakepan.

Kang diarani tjakepan iku unèn-unèning tembang utawa tetembungan kang kanggo ing tembang.

3. Golong-golongané tembang.
I. Tembang Kawi utawa tembang Geḍé.
II. Tembang Tengahan utawa tembang Ḍagelan.
III. Tembang Matjapat utawa tembang Tjilik.

Katrangan:

a. Kasusastran Djawa, ing djaman kuna kang sinawung ing tembang, tembangé, déning wong-wong djaman saiki diarani tembang Kawi; liré: tembang kang anané (tuwuhé) ḍèk djamané wong-wong Djawa abasa Kawi utawa Djawa-kuna. Tjakepané tembang Kawi ḍèk djaman samana mesṭi baé ija basa Kawi.

b. Wiwit djaman Madjapait, akèh wong-wong (Rakjat) sing kurang pana marang basa Kawi. Basa sing dianggo guneman ing wektu iku déning wong-wong ing djaman saiki diarani basa Djawa-Tengahan. Marang tembang Kawi, wong-wong wis akèh sing kurang pana. Bebarengan karo anané basa Djawa-Tengahan, tuwuh tembang anjar kang diarani tembang Tengahan. Tjakepané tembang Tengahan ḍék djaman samana mesṭi baé ija basa Djawa-Tengahan.

c.Tembang Matjapat anané uga wiwit djaman Madjapait, mung baé tuwuhé luwih kari tinimbang tembang Tengahan. Tjakepané tembang Matjapat ḍèk djaman samana mesṭi baé ija basa Djawa-Tengahan.

d. Ing Djaman Madjapait uga isih ana buku-buku (Kasusastran) sinawung ing tembang Kawi, kajata: Nagarakretagama anggitané Empu Prapantja, Ardjunawidjaja anggitané Empu Tantular. Nanging buku-buku Kasusastran sinawung ing tembang Matjapat ija wis akèh, kajata: buku Sudamala, Kidung Subrata, Pandji Angrèni, lsp.

4. Paugerané tembang.

Tembang Kawi (Geḍé) mawa paugeran guru-laku lan guru-wilangan; tembang Tengahan lan tembang Matjapat mawa paugeran guru-gatra, guru-wilangan lan guru-lagu. Dadi paugerané tembang Tengahan karo Matjapat paḍa baé, mung baé ditembungaké mangkéné: tembang Matjapat iku tembang Tengahan kang tuwuhé luwih kari. Utawa: tembang Tengahan iku tembang Matjapat kang anané luwih isik.

5. Pérangan ing saben satembangan. Saben satembangan, tumrap tembang Kawi (Geḍé) diarani