Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/157

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
160

 Sarasilahé R. Ng. Ranggawarsita mangkéné: 1. Sultan Hadiwidjaja (Djaka Tingkir) peputra Sultan Banawa. 2 Sultan Banawa peputra Pangéran Emas. 3 Pangéran Emas peputra Pangéran Prabu Widjaja. 4 Pangéran Prabu Widjaja peputra Kangdjeng Djaka Radin. 5 K. Dj. Radin peputra P. Wiramanggala. 6 P. Wiramanggala kapunḍut mantu Sultan Mangkurat Tegalarum, peputra P. Danuhupaja. 7 P. Danuhupaja peputra R. Padmanagara. 8 R. Padmanagara peputra R. Ng. Jasadipura I. 9 R. Ng. Jasadipura I peputra R. T. Sastranagara (Jasadipura II), utawa R. Padjangwasita. 10 R. T. Sastranagara peputra R. Padjangswara. 11 R. Padjangswara peputra Bagus Burham (R. Ng. Ranggawarsita).

III. Ki Padmasusastra.

Putrané Ki Ngabèhi Bangsajuda ing Surakarta. Nalika isih timur ora sekolah, mung diwarahi matja lan nulis déning bapakné wiwit umur 6 taun.

Juswa 9 taun wis njambut-gawé dadi abdi-dalem (ana ing kraton), mawi asma Ngabèhi Kartadirana. Bareng munggah pangkat dadi Mantri geḍong-kiwa ketelah asma 'Mas Gus Behi, tegesé botjah tjilik sing darbé pangkat Ngabèhi. Let 10 taun manèh dadi Djaksa-Anom, ganti asma Mas Ngabèhi Bangsajuda (asma nunggak-semi bapa). Ora let suwé manèh dadi Panèwu-Djaksa, asmané ganti Kartipradata. Juswa 43 taun lèrèh, nerusaké ngudi kasusastran, asmané ganti Padmasusastra, ngrangkep dadi wartawan kalawarti „Djawikanda" ing Sala. Taun 1820 dadi Pangarsa Radya-Pustaka, asmané ganti M. Ng. Wirapustaka. Marga saka tuntunané M. Ng. Wirapustaka, Radya-Pustaka bisa ngetokaké kalawarti „Sasaḍara" lan „Tjandrakanṭa". Ing wektu iku M. Ng. Wirapustaka ḍéwé ngetokaké kalawarti „Waradarma".

Ing taun 1910 munggah pangkat kang wekasan, asmané ganti M. Ng. Pradjapustaka, nanging ora lawas manèh bandjur pènsijun. Wasana séda ing taun 1926 (juswa 86 taun).

IV. P. Kusumadilaga.

Putrané K.G. Mangkubumi ing Surakarta, utawa wajahé Sunan P.B. III. Ahli genḍing-genḍèng, ahli paḍalangan, ahli beksa lan ahli kabatinan ing abad 19.

Tanggal mijosé ora dipèngeti, sédané juswa 65 taun. Nalika isih timur maguru kabatinan marang kjai loro: 1. Kjai Kasanminhad, 2. Kjai Djamsari. Bareng wis diwasa, P. Kusumadilaga dadi guruné Sunan Pakubuwana IX ing babagan kabatinan lan filsafat.