Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/156

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
159

BAB XXIII. RIWAJATÉ PUDJANGGA SAWATARA. (*)

I. R. Ng. Jasadipura I.

Nalika isih timur asma Bagus Bandjir, wijosané ing dina Djemuwah Paing tanggal kaping 6 Mulud, taun Djimakir 1654 (taun Saka), utawa 30 Sèptèmber 1729. Sédané dina Senèn Kliwon 24 Dulkangidah, taun Bé 1728, utawa 26 April 1802.

R. Ng. Jasadipura I iku teḍaké Sultan Padjang, mulané ana ing Surakarta ketelah asma Jasadipura Tus Padjang. Pandjenengané iku Pudjangga kang kapisan ing Surakarta, jaiku ing djamané Sinuhun Pakubuwana III.

Kang ramané R. Ng. Jasadipura I asma Tumenggung Padmanagara, Bupati Pekalongan kang dibuwang menjang Palémbang, nanging bandjur ditimbali déning Sri Sunan lan dipapanaké ana ing kraton Kartasura apangkat Bupati-Djaksa.

R. Ng. Jasadipura iku éjang-bujuté R. Ng. Ranggawarsita.

II. R. Ng. Ranggawarsita.

Nalika isih timur asma Bagus Burham, wijosané ing dina Senen Legi 10 Dulkangidah taun Bé 1728, sinangkalan: Budjangga Nembah Panḍita Dji (1728), utawa 14 Maret 1802. Sédané dina Rebo Pon 25 Dulkangidah taun Djimakir 1802, sinangkalan: Paksa Muksa Budjangga Nata (1802), utawa 24 Désèmber 1873, disarèkaké ing désa Palar, tlatah Klaten.

Minangka tandaning pangadji-adji, pamaréntah jasa retja-gupala (retjané R. Ng. Ranggawarsita) dumunung ing platarané gedong Radya-Pustaka ing sawétan kebon-radja Sriwedari, lan uga mbangun pasaréané R. Ng. Ranggawarsita (ing désa Palar). Pambukaké retja-gupala kanti resmi nalika 11 Nopember 1953, déné rampungé olèhé mbangun pasaréan ing désa Palar nalika 10 Nopember 1955.

Nalika isih timur, Bagus Burham maguru ing pasantrèn ponḍok Gebangtinatar (Panaraga), ponḍoké Kjai Imam Besari. Ana ing pasantrèn, Bagus Burham kalebu murid sing bodo, nakal lan mursal, mulané kerep tampa dedukané Kjai Guru Imam Besari. Bagus Burham wis tau lolos saka pondok nganti tekan Madijun, sesrawungan karo R. A. Gombak, putrané putri Bupati Keḍiri. Ja R. A. Gombak iku kang pamburiné kagarwa Bagus Burham.

Tekan mangsané tinarbuka, kanṭi linambaran laku 40 dina 40 bengi, sadinané mung ḍahar gedang sauler, lan saben bengi kungkum ing kali Krikil, Bagus Burham antuk parmaning Pangéran oleh Wahju kapudjanggan.


(*) Kalawarti „Djajabaja" 1956, diringkes.