Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/155

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
158
  1. Luwih lara laraning kang ati, nora kaja wong tininggal arta, kang wus ilang piandelé, lipuré mung jen turu, lamun tangi sungkawa malih, jaiku ukumira, wong nglirwakken tuduh, angilangken budi-daja, temah papa asor dènira dumadi, tan amor lan sasama.

XII. Asmaralaja (M. Ng. Mangunwidjaja). ¹)

  1. Urip ingkang mawa djiwa, djiwanira mangka warana djati, djatining urip puniku, jekti tan nganggo njawa, nora njwara nora ngganḍa nora ndulu, nora muna tan ngandika, tanpa rasa pangrasa nir.
  2. Amung nèng ening dyatmika, nèng kaanan ananira pribaḍi, nanging kabèh kang kadulu, apan wus kauningan, kang karungu wus kapjarsa ing Hjang Agung, kang kaambu wus kaganḍa, kang njwara kasabda jekti.
  3. Kang angrasa wus karahsan, Innalloha huwassami Ul'alim, Allah iku djembar agung, uninga saniskara, nora samar ja nukat gaibul qujub, liré widji pepingitan, sumingit ing rahsanèki.

XIII. Pepéling lan pamrajoga (R. T. Tanḍanagara alijas Reksadipradja).

  1. Hébating tyas kongsi tanpa manis, kaprabawan obahing rat Djawa, wimbuh gumrah sabawané, mandjing djro taman madju, kang tinudju mung adja kongsi, rinengkuh dèn sawijah, sedjané andjundjung, adjining daradjad Djawa, sajuk-ijeg gumolong anunggal budi, baja karsaning Suksma.
  2. Paring osik kang utama jekti, tumuwuhing tembung kamadjuan, lumrah dadi kembang lambé, njata sèwu pitulung, lenging tjipta kari memudji, widjining kamadjuan, bangkita tumudju, djumbuh lawan Sang winenang, sumawana kang samja pantes ngajomi, ajuning wijah djanma.
  3. Tinuwuhna piwelasing galih, wit tan lijan djiwaning kawula, tinalèn sih-wilasané, déné kang sedya rukun, mung miliha kang mitulungi, tuḍuh benering marga, adja slura-sluru, karana jèn tan rineksa, nora wurung kadi sulung lebu geni, bareng tibèng sangsara.
  4. Nora ngekul lekasing prijaji, nanging lamun wong tjilik balaka, durung wruh kentang kimpulé, selak milu kesusu, tanpa naker kuwating diri, katut grubjuging kaṭah, nora wruh ing rembug, mung ngebjuk ubjung-ubjungan, agung-alit miwah wong padésan sami, tumekèng narakarja,

1) Asmaralaja, tegesé: sengsem ing pati.